10.9.08

MACAPAT

Menungso ibarat urip koyok "wong mampir ngombe"
menungso duwe sedulur papat yen tegese nefsu 4 yaiku:

1 Mripat : Menungso senengane ndelok barang kang serba endah
2 Irung : Menungso senengane ngambu barang sing wangi
3
Kuping : Menungso senengane ngrungokke barang sing apik kosok baline yen krungu barang seng ora dadi atine malah ngabangake kuping
4 Tutuk : gusti allah maringi tutuk kudu digunakke nganti sae ,sanajan tutuk namung kangge ngomong nanging tutuk ugo saget ndadoske prahara,tutuk ibarate gaman paling landep teng donya niku mulo tutuk diwastani
Mulo siro kudu ati ati urip ning ndonya, ora gampang wong urip, urip neng ndonya kudu biso ngerti sejatining urip kang kuwi biso nuntun siro ning alam lelanggengan

WUjud sanepan wong urip neng ndonya kayak ning ngisor iki :

1. Maskumambang :

Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

2. Mijil :
ateges
wis lair lan jelas priya utawa wanita.

3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau
wis dadi kodrat Ilahi.

6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen
wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

11.Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.


Tidak ada komentar: